Kamis, 20 Mei 2010

WUYUNG

Ana tembung ing wengi,
Kekidungan tembang gegayuhaning ati,
Ngambara rasa godhaning jiwo karebut ing mangsa,

Ana sastra kaserat ing mega,
Pujangga muda luruh ing asmara,
Ciptaning rasa gregeting jiwa,
Rasa jiwa kaselek ing branta,
Dak suwun sliramu duh kusuma,
Nora cidra marang garise rasa,
Nora sirna mekaring cundhup asmara,
Cundhup asmara kang banget dak rasa,

Ana tembung tetembanganing wuyung,
Hayandra rasa godhaning kusuma,
Marang sastra kaserat ing kidhung,
Hangrerepa marang Chandra lan kartika







kutipaning saka:alangalangkumitir.wordpress.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

semoga berguna